Kamis, 18 Oktober 2018

Re(schedul)sekolah

Sekolah nang finlandia

Ngene rek,  eling tah kene jamane es em a,  opo sing mbok senengi, pelajarane opo jam kosong, upacara opo ketemu konco sak kelas,  pelajaran matematika opo mbolos mangan nang mbok kantin,  dulin opo dino Senen. Nek ono sekolah tapi pelajarane akeh jam kosong,  malah awakmu di kongkon dulin,  masak,  main musik gak onok upacara sing onok : koen mlebu opo ga terserah,  gratis maneh sekolahe
Gak usah mikir mene awakmu langsung pindah sekolah ga ijin wong tuwek.  Sekolah ngono iku onok rek,  koen cuma iso ngiler,  polahe sekolah iku onoke nang Finlandia.

Sekolah nang kono cumak 3-4 jam,  nek nang kene mlebu jam 7 moleh jam 11 paling awan,  iku ae pelajarane thitik soro, gak tahu garap pe er polahe gurune gak tahu ngekek-i pe er.  Lah terus sekolah cap opo iku. Ngertio rek,  arek2 Finlandia nomor siji peringkate sak donya,  bendino pelajarane yo onok matematika tapi gak koyok nang kene,  pelajarane lebih happy.  Kurikulume tergantung koen jaluke opo,  nek koen seneng musik yo main musik,  nggitaro sampek ledeh drijimu gapopo.  Seneng masak diajari masak,  seneng belajar robot,  onok pelajarane (iku jek nang sd,  wes diwuruki gae robot). Sing seneng gae puisi yo muisi,  yok opo gak iri koen nek sekolah model ngene.

Yok opo,  enak kan,  lah terus nek mlebune mung 3 jam,  lapo ae sak marine mulih. Yoo akeh kegiatane,  malah dikongkon dulin barang ambek gurune,  dulino sak koncoan rek jarene,  dadi masiyo mlebune mung 3-4 jam, tapi efektif,  malah arek Finlandia minimal iso ngomong 3 boso,  Finland, inggris, Spanyol.  Asline podo ambek arek2 kene, iso boso Indonesia, inggris,  jowo kromo,  jowo ngoko sing akeh misuhe,  meduro lsp 😂.

Dadi nang kono gak ono istilah guru killer, sekolah paporit,  model2 pulday skul sing sekolahe sampe sore.  Jare arek Finlandia PR iku wes kuno,  ndeso so. Iku nek kenek arek2 sing nduableh e koyok koen,  gurune tambah ngacungno jempol 2 saking kreatipe lan ndableg e . Lah yok opo,  arek kene nek sekolah gayane gowo laptop,  pe er e sak taek ndayak,  duline cumak onok prei thok,  gak tau weruh rasane mbolos,  sampe2 aku tahu ngerti arek teko kutho suroboyo ga iso mbedakno wedus ambek sapi polahe podo putihe,  malah tepak nang pandaan ono arek kiro2 kelas 3 sd takon nang mama e,  jare opoko sawahe kok ditanduri suket,,,,, cobak opo gak ngelu pingin misuh diann*uk.  Wong nandur pari jare nandur suket,  lah sego sing dilebokno nang cangkem mu iku teko endi?.

Mbalik maneh,  sekolah nang kono gak onok critane sekolah paporit,  mulai kutho sampe pucuk ndedo so (iki ndesone nang Finlandia loh rek) podo do gak onok bedane,  dadi antarane anake wong sugih ambek ga,  nang kono setara,  gak koyok nang kene, sing nyetil ambek kumus2 ketok nemen 😁. Koen pasti iri ndelok ngono,  makane wes koen sekolah ojok pinter2 secara akademis,  tapi opo sing dadi hobbymu temenono, misale koen hobby mbolos,  mboloso sing temen2 sopo ngerti mbesuk awakmu iso merancang sistem sing iso mendeteksi kebocoran sistem pengaman opo ae hehehe.  Sing seneng mangan nang mbok kantin pas pelajaran,  temenono,  iku nglatih kepekaanmu nang masakan ambek strategi market warung (koen iso mbayangno tah kantin sekolah sing segmene terbatas arek sekolah, terus sering mbok bujuki mangan weci limo ngomong 2, krupuk 10 ngaku 4,  tapi brand e mbok gandrungi saklawase, kantin sekolah gak sengojo gae  emosional brand marketing). Sampek koen kabeh gak iso lali hehehe,,,,.

Wes yo,  ngene ae sekolah lakonono ae tapi ojok mbok seriusi nemen2 mengko tambah mumet ndhasmu,  nyantai ae,  sebab sekolah  mung  ngisore 15% kontribusine nang suksesmu,  sisane mergo pengembangan bakat lan hobimu lan pencarianmu .  Tapi ojok mbok kandakno pendapat iki nang wong tuwek mbek gurumu,  aku iso digibeng engkok 😂😂😂😁😁.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar