Tuku gudeg dibuntel sewek
mangan pudhak untune lara
tiwas ndredeg dilirik cewek
bareng cedhak, matane kero
kadung isin tak takoni arep nandi, jenenge sopo, nomer hapene piro,
rodo kemayu dijawab jenengku Indri iku bengi, nek awan dadi indro
koncoku guyu ngakak-ngakak mergo aku entuk kenalan banci
saking kekele sampek nabrak becak nangis kepiyer mergo ikune kecepit ruji
tak gowo nang rumah sakit kanti keplayu
karepku ben iso cepet dirumat
tekan UGD perawate malah ngempet guyu
jarene perawate: timbang oprasi mesisan disunat
Lohh,,,dadi,,,,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar