Rabu, 24 Juni 2026

Gurit Sepi

Gurit sepi

Sing mbiyen ora tau tak lalekkr
wengi tansah nyopo aku ning pepadhangan ati
banjur isuk kowe ngandhani : ora usah dienteni
aku mung iso ndingkluk, nguatke ojo nganti mbrebes mili
mung kowe sing iso nguatake,,,
mung kowe sing isih di arepi
embun kang wigati,,,,
liyane,,,,uhmm,,,sirno sakdurunge rembulan teko

Banjur,,opo wengi iki, aku mung tansah ngenteni
janji sing ora tau ngutamakke padhanging ati
janji sing tansah nggawa pedhut lungo nandi
ninggalake tresno namung kanti daksiyo
opo iki urip sing mbok karepke

kanti subuh iki aku tetep ngenteni
warta sing nggowo sepi
isih tak enteni
embun kang ngelingake: wes to,,iki mung sedela
ati iki kadung sirno kreno mbok gowo lungo
lathi sing ora bosen mlipir donga
mugi kowe nemokake seneng neng kana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar